Pidato Wisuda SMA Bahasa Jawa.




Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapa kepala sekolah SMA Negeri 1 Batu Drs Suprantiyo M. M ingkang satuhu kinabekten,
Wakil Kepala Sekolah ingkang satuhu kinabekten,
Dewan Komite ingkang dahat kinurmatan
Bapa/ibu guru saha karyawan/karyawati ingkang dahat kinurmatan, rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing pawiyatan ingkang saperlu ngawontenanken wisuda.

Bapa/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri siswa kelas 12 ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih katresnan Bapa/Ibu Guru ngulawenthah dhumateng para siswa saengga saget ngrampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun tigang tahun, khanti pikantuk surat tandha tamat blajar.

Sedangipun tigang taun kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan panjenengan sami hanggulawenthah kula sedoyo, ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados putra/putri pribadi.

Bapa ibu tuwin adik adik saha rencang ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapa/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang rencang nilaraken Bapa/Ibu Guru saha adik kelas  sanadjan ta sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing netra. Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.

Pawiyatan ingkang sampun metahun tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula sarencang rumaos awrating raos, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saha karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados sampun kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.

Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas 12 tansah memuji dhumateng gusti  ingkang Maha Agung, supados Bapa/Ibu Guru saha adik adik pikantuk nikmateng pangeran  wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamit punika kedlarung-dlarung ing sastra. Kulo naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapa/Ibu Guru saha adikadik. Sageda wilujeng sasampunipun tamat saking pawiyatan punika lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang saklajengipun.

Ingkang mboten nglajengaken sageda pikantuk pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan milo saking punika menawi wonten kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring  atur, kulo minongko wakil kelas 12 tansah nyuwun agunging pangaksami ingkang tanpa pepindan

Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Komentar

Postingan Populer